PIDATO DIINTEN PAHLAWAN
Assalamualaikum
Warahmatullahi Wabarakatuh
ÉOó¡Î0
«!$#
Ç`»uH÷q§9$#
É OÏm§9$#. ßôJysø9$#
¬!
Å_Uu
úüÏJn=»yèø9$#. وَ الصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى آَشْرَفِ الآَنْبِيَا ءِوَالْمُرْسَلِيْنَ. وَ عَلىَ اَلِهِ
وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ.
Ingkanng
kinurmatan Bapak Rektor IAIN Walisongo
Ingkang
pantes tinulad sinurdasana Bapak saha Ibu Dosen
Ingkang
kinurmatan Bapak tuwin Ibu Karyawan
Para
kadang wredha mudha mahasiswa IAIN walisongo ingkang kulo tresnani
Langkung rumiyin
sumomggo kula panjenengan ngunjukaken pujo puji pudyastuti dhumateng
ngarsanipun Allah SWT. Inggih awit sih nugroho sarta berkahipun kula saged
pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kali sing rubedo.
Salajengipun, kula
ingkang minangka wakiling panitya ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh
panjenengan saged andamel ngestuwin regening swasana awit saking punika, kula
ngaturaken agenging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun
dhumateng Bapak Rektor ingkang sampun paring idin palilah murih kaleksaning
sedya pengetan dinten pahlawan ing kalenggahan punika. Ugi kula ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para Bapak tuwin Ibu Dosen
dalah para karyawan ingkang keparing paring eguh pratikel murih pratitising
adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha
mahasiswa IAIN Walisongo, ingkang sung pambiyantu ngantos adicara punika saged lumampah ingkang sahe.
Para Bapak Ibu
saha kadang mitra kusumaning bangsa ingkang satuhu bagya mulya. Kados sampun
kawuningan sarta kaseksanan ing donya bilih rikala tanggal 10 November 1945 ing
Surabaya wonten prastawa ageng. Inggih punika perangipun arek-arek Surabaya
mengsah walandi. Pangorbanan ingkanng mboten tidha-tidha awujud bandha tuwin
pecahing jaja wutahing ludira kapingsungsungaken dhumateng bangsa tuwin nagari
murih lestarining kamardikan. Inngih awit wigatosing prastawa punika, pramila
pamarintah RI netepaken tanggal 10 November minangka dinten pahlawan.
Dene wosing gati
wigatosing prelu, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu
mengeti dinten ingkang agung punika. Wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi
pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten kamardikan ngudi
wilujeng bebrayan.
Menggah wedharan
sajangkepipun mungguwing prastawa ageng 10 November 1945 ing Surabaya punika
mangke kababar dening panjenenganipun Bapak Rektor, mugi-mugi wedharan mangke
mliginipun para mahasiswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun parasatriyo
kusumaning bangsa tumuju nagari ingkang majeng, adil makmur Lahir lan batin.
Awit saking
punika, kanthi ngagungaken asmaning Allah SWT, pengetan dinten pahlawan 10
November siyang punika kula pratelakaken kawiwitan.
Ing wasana suging amriksani ngantos
paripurnaning adicara. Namung kemawon mbok bilih lampahing adicara punika
kirang mranani, panitya nyuwung samodra pangaksama menggah solah bawa dalah
panataning basa ingkang tebih saking tata karma tuwin prama sastra.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.